Tampilkan postingan dengan label Suroboyoan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Suroboyoan. Tampilkan semua postingan

Nostalgia

Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia
numpak bronpit.
Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
”Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang taun kepungkur
pas pacaran biyen ?” jare Muntiyadi.
”Iyo cak, setuju.” jare Romlah.
Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku
iku. Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas
pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh. Ndelok
bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.
”Waduh dik, awakmu kok cik girase ” jare Muntiyadi.
”Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. .”




Cewek Spesial

Bayan Semun wis meh 6 wulan pindah ning Kalimantan , kerjo ndik tambang batubara tengah alas (istilah wong Samarinda, di lokasi).
Kebetulan ono giliran weekend, ape mulih Mediun kadohan dadi cukup ning Samarinda wae.
Langsung wae dijak karo koncone cangkruk ning pub daerah
Pinang Babaris.
Dasar bayan Semun pengin gaya, opo maneh duit gajian 6 sasi sik utuh,
pengin dikancani ngombe ambek cewek.
De’e langsung kondo nang bartender,
“Bang, aku ni udah enam bulan di lokasi. Tolong carikan cewek seksi,
cantik, putih mulus. Pokoke cewek yang special.”

Gak let suwe cewek sing dipesen bayan Semun teko.
Putih mulus, bahenol, wajahe yo ayu tenan (nek iki gak masalah,
soalke iso kombinasi make up menor + lampu remang2).
Cuma bayan semun rodo curiga kok cewek iki gak sak blaene.
Bayan Semun langsung ngomong ndik bartender,
“Kurang ajar kamu ya, aku ini masih normal. Mosok kamu kasih bencong”.
Bartender nyahut, “Lho mas kan pesen cewek special, ya ini:
CEWEK SPESIAL PAKAI TELOR!”



Kelopo

enek wong duwe anak papat, sing siji luwe, sing loro ngelak, sing telu pengen tuku BH, sing papat njaluk cawet.
nanging dheweke mung duwe duit 1500 rupiah.
piye carane iso nuruti karo anake.
yo gampang wae tuku kambil.
kambile di pangan ben ora luwe.
banyune diombe tombo ngelak, bathoke disigar dadi loro lan ditaleni dienggo BH, terus sepete garek didondomi dadi cawet.
mareh

Balas Dendam

Wonokairun mlaku mlaku nang TP ijenan katene mejeng, dandane mbois gak gelem kalah ambek ABG.
Pas katene mulih dhadhak dirampok nang parkiran.
Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari kampesan thok.
Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.
Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.
Wonokairun janji mbayar taksine nang omah.
Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong blas malah ngilokno.
"Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! "jare supir taksine nang ngarepe wong akeh.
Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.
Wonokairun akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran.
Cumak yo ngono, Wonokairun dendam pol nang supir taksi iku mau, pokoke ditengeri wonge lemu ireng kopiahan.
Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun.
Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh.
Mari wis tuwuk dulin, akhire Wonokairun mulih.
Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang.
Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, katene balas dendam.
Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni supir taksine sithok-sithok.
"Cak, nang Sepanjang piro" takok Wonokairun.
"Biasa mbah, borongan ae seket ewu" jare supir taksine.
"Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?" takok Wonokairun maneh.
"Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah. Masio elek, aku iki wong lanang normal mbah, goleko sing liyane ae !" jare supir taksi iku ambek misuh-misuh tersinggung.
Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh-misuh gak karuan, tapi Wonokairun cuek ae.
Sampek taksi sing paling mburi, akhire Wonokairun ketemu supir taksi lemu ireng kopiahan sing digoleki.
Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun.
"Cak, nang Sepanjang piro?" Wonokairun aksi takok.
"Biasa ae mbah, seket ewu. " jare supir taksine.
"Yo wis, ayok ndhang budhal."
Wonokairun langsung numpak terus budhal, Wonokairun sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.
Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon konco-koncone sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi iku, mesam-mesem ambek ngomong "Eenaaak teennaann . . ."
Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh gilo kudhu mukok..



Singa Alim

Pas dina Jum'at awan, Wonokairun lunga menyang alas. Karepe dhe'e golek kijang utawa kelinci digawe mangan2. Jek sediluk nang njerone alas, mara2 dhek'e kepreset terus kejegur jurang. Sikile cuklek gak iso digawe mlaku. Jarak 10 meter teko dhe'e ono Singa lagi turu.

Wonokairun langsung gemeter gak karuan, maringono ndonga ngene:
"Ya Allah, aku sepuranen. Pancen aku iki mau gak Jumatan amarga lunga nang alas. Nek aku selamet teko kene aku bakalan gak ninggal Jumatan ambek sembahyang maneh. Dadekno singa ndhik ngarepku iki singa sing alim, sing nurut karo Panjenengan"

Mara2 ono suara beldheg, duarrrrrrrr. Wonokairun yakin nek pandongane dikabulno.
Terus singa mau tangi ambek mlaku alon2 nang panggonane Wonokairun. Wonokairun wes gak sepiro'o wedhi. Tambah cedhek nang Wonokairun, singa iku mlakune tambah alon. Kari sakmeter maneh mara2 singa iku mandheg njupuk posisi lungguh. Terus sikile 2 sing ndhik ngarep diangkat kaya' wong sing kapene ndunga. Wonokairun mikir nek singa iku pancene bener2 dadi singa alim.

Tiba'e singa iku mau ngomong "Allahuma bariklana fiima rozaqtana wakina adzabanar"



Komputer Guoblog

Nalika ono program internet mblebu ndeso, Bayan Semun tertarik karo omonge tukang telpon, jare komputer kuwi alat canggih, mesin pinter, iso mikir dewe… Mulane gak kakehan mikir, dina iku sepeda montore sing tas dicicil telung sasi, di sekolah no nang nggadhean swasta.. deweke terus bablas nang pasar loak arep tuku komputer

"Halah… ra sah kursus-kursusan. .. wong mesin pinter ae kok.. mesthi isoh lah carane nglakokne", ngono pikirane. Akhire komputer pentium lengkap sak printere wis tekan omahe. Bayan Semun iku masiyo ndak ngerti tapi kemlinthi lan gedhe gengsine… mulo sungkan nek arep njaluk ajar uwong…
"ndak dikira goblog" (padahal ya gak ngerti tenan)… komputer dipasang dewe. Merga wis nate mbantu Pak Lurah masang komputer nang kelurahan, mulo nek mung carane ngecopne lan nyambung-nyambunge kabel ya gak masalah… Nanging nalika diuripne… komputer ana tulisane "printer not found". Weruh tulisan ngono mau.. Bayan Semun gak kurang akal, ponakane sing sekolah wis sekolah smp diceluk.. "Nang.. deloken komputerku, iki mau nembe tuku… iki mesin pinter… nek kowe cah pinter mesthi ngerti artine tulisan iku?’ kandhane Bayan Semun pura-pura nge-test..
"Gampang… printere mboten kepanggih leres mboten Lik" jawabe
"Sembarangan. .. iki mesin printer ya jelas salah", jawabe bayan Semun.
Tapi batine ragu-ragu,
"Engko gek kuwi bener, tapi gak mungkin nek mesin sak mono gedhene gak eruh.. eh gek aku diapusi karo Koh Abun sakjane iki mesin guuuooblog.. .", Bayan Semun duwe pikiran nek diapusi karo sing dodol..

"Koh… kowe aja ngapusi yaa… wong komputer goblog kok diomongne pinter, mosok printer gedhene sak mene kok gak iso nemokne ki piye", Bayan Semun protes.
"Ora nemu piye"
"Lha iki tulisan .. printer not pond iki"
"Owalah kang Bayan… kuwi dudu komputere sing goblok tapi durung lengkap syarate maksude isik butuh driver.."
"Maksude butuh sopir ngono.. lha ku aku iki lak ya wis siap nyetir komputer ta"
"Tunggu ae.. engko tukangku tak kon mrono."

Mumpung isik nyambung karo Koh Abun…Bayan Semun kepingin takon sisan. Sing mendorong dekne nekat tuku komputer iku sakjane merga kepingin iso ndelok gambar wong wedok mliding, wis kepingin arep ngobrol karo tanggane kang supri sing saiki nang amrik, kepingin ngirim duwik lan mbayar tagihan listrik.
"Koh nek aku arep ngirim kabar nyang ponakanku sing nang Hongkong piye?"
"Kowe kudu ngerti alamate"
"Wis tak tulis lengkap alamate kok, malah tak lengkapi si Panjul ponakane Bayan Semun, asline Kampung Pingkuk, nang Hongkong tahun 1998 dikirim biro jasa Bumen Rejo Abadi.. tapi kok gak ketemu karo bocahe yaaa.."
"Mosok alamate ngono… Nek gak ngerti persise sampeyan bisa lacak saka IPene"
"IPe sing endi… wong bocahe iki isik bujangan ya mesthi durung nduwe
dulur IPe ta.."
"Wis kang.. kumputermu bungkusen maneh kirim balik mrene, duwekmu tak balekno, montormu tebusen meneh



Razia Tukang Buah

Esuk iku enek patroli polisi pamong praja nek stasiun. Sing paling cedak enek tukang duku. Terus ujare polisi marang tukang duku

Polisi : Sampeyan ngerti ra, yen papan iki ora etuk nggo dodolan.
Tukang Duku : Nggih pak, nyuwun pangapunten aku nggak ngerti.
Polisi : “Yen ngono kanggo ukumane lebokno daganganmu neng bokongmu nganti entek…!!!! cepeeeeeet!! !!”
Tukang duku : “Nggih pak” (karo sajah sedih lan brebes mili) teru dewekke nglebokke siji mboko siji nang bolongan pantate nganti entek. Ora let sawetoro suwe dewekke ngguyu kepingkel-pingkel sampek mbrebes mili lan kepuyuh-puyuh. …..
Polisi : “Awakmu ngece yo, opo pingin bakulmu tak kon nglebokke sisan??!!”
Tukang Duku : “Ora pak, aku gak ngece babar blas, sinambi terus ngguyu ngakak…”
Polisi : “Terus enek opo kowe terus ngguyu kepingkel-pingklel? ?!!”
Tukang Duku : “Iku lho pak, nek sebelah kono enek tukang duren karo
tukang klopo…”


Nyumet Mercon

Kentir ketemu ambek konco lawase sing jenenge Kentus. Pas ketemu arek loro iku podho kagete mergo Kentir ambek Kentus podho-podho sirae petal, raine gosong ambek untune yo podho bogange. Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho bocele. Kentir cerito lek raine rusak, sirae petal, ambek untune ngowos mergo melok nyemprot kobongan ambek mangap.

"Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos" jare Kentir.
Mari ngono Kentir takok nang Kentus opoko kok sirae petal.
"Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari tak sumet, mercone tak sawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek ngisep rokok. Dhadhak wonge ngerti, aku diuber terus sirahku digepuki pikulane soto" jare Kentus.

"Lha lek raimu opoko kok gosong" takok Kentir maneh.
"Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak sumet ambek rokok, mercone tak sawatno wong dhodhol bakso terus dhelik maneh ambek ngisep rokok. Dhadhak aku ketemon maneh, aku diuber mari ngono diguyang dhudhuhe bakso" jare Kentus.

"Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek untumu opoko kok bogang kabeh ?" takok Kentir maneh.

"Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet mercon dhadhak onok arek pacaran liwat"
"Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng. Paling kon digibheng ambek sing lanang" jare Kentir kemeruh.

"Gak ngono ceritone . ." jare Kentus.
"Opoko lho . .?" takok Kentir.
"Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . ."



Nggolek Wedhus

Santoso kerjone angon wedhus, lek budal esuk mulih sore. Pas nggiring wedhuse mlebu kandang kok kurang siji. Santoso nggoleki muter-muter gak ketemu-ketemu. Akhire Santoso menek uwit bek'e wedhuse ketok teko ndukur, tapi gak ketok. Pas arep mudhun Santoso kaget, gak sido mudhun soale ndhok ngisor uwit onok mat Pithi mbarek Saropah lagi pacaran.

“Dik, bukaken rokmu age, aku mung kate ndelok ae kok” jare mat Pithi
“Ojok ah cak, aku wedi engkok onok setan liwat” jare Saropah.
“Sumpah dik, aku mung pengin eruh ae kok, ayo ta bukaken…sumpah tenan dik, wis talah percoyo-o” mat Pithi wis gak sabar. Krungu sumpahe mat Pithi, Saropah langsung ngangkat rok-e (tibakno gak nggae kathok).
“Wuik….. apike rek….. sak ndonya ketok kabeh” jare mat Pithi.

Santoso krungu ngono langsung mbengok
“Om, om, tulung delokno wedhusku ndhelik ndhok kono gak?”

Sumuk Ra Keringeten

Sawijine dino Untung karo Bejo lungguhan sak bare madhang.
Untung:"jo,ketimbang mlongo mending bedhekan wae,gelem ora?".
Bejo:"bedhekan opo ntung?"
Untung:"pakboletus,artine opo jo?"
Bejo:"wah gampang kui ntung,tepak kebo lelene satus,
saiki gantian aku,SUMUK RA KERINGETEN,artine opo ntung?"
Untung:"wah ra ngerti aku"
Bejo:"artine:SUSU DIMUKMUK RA KERI KEBANGETEN"

Numpak Pesawat

Wonokaerun macak necis nggowo koper, wira-wiri neng bandara juanda. Ternyata wonokaerun ate lungo neng jakarta nekani undangan teko presiden. Ndadak pas munggah pesawat kursine wes dilungguhi wong liyo.

Wong iku mau gak gelem pindah neng kursine dewe, jarene wong iku mau sopo sing munggah disik oleh milih kursi sak senenge.

Kroso jengkel wonokaerun lapor ambek yuk yah, pramugari ndok pesawat iku mau.

Ambek pramugarine wong iku mau ditakoni ngene: "sampeyan ate neng ngendi cak?", wonge njawab: "ate neng jakarta yu, opo'o?"

Yuk yah njawab maneh: "oo.. nek ate neng jakarta lungguhe mburi cak, kursi iki khusus gawe sing neng papua". Wong iku langsung manthuk-manthuk trus pindah neng mburi.

Ketinggalan Sepur

Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas maneh seko kaji Imron. Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji Imron.

”Pak .....duwek rong juta iki dikekno sopo” ? Takok sutaji.
”nggone Pak Bunali ndek Semarang” jare Pak kaji
”sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur” jare sutaji maneh
”Ojo kuatir ..... gempil karo sujak ngancani awakmu sampek stasion sepur” jare Pak Kaji.

Menene wong telu budal numpak sepur jurusan semarang.
”Sepure sek suwe rek .....ayok ngopi karo rokokan desek rek” jare Sutaji. Akhire wong telu mau ngobrol karo guyon cekikikan ndek warung kopi. Saking asyike guyon wong telu mau gak ngerti lek sepure kate budal. Pas suorone sepur muni banter teett...tetttt ... arek telu mau kuaget. Mari mbayar kopi arek telu terus mblayu nututi sepur. Gempil karo sujak mblayune luwih cepet dadi sik isok mencolot mlebu nang sepur. Sutaji ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut .. wis .. ketinggalan. Gak suwe sutaji terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha ..ha ... Wong sing ndelok ..sutaji ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono sing ngiro arek
gendeng. Satpame ndelok sutaji koyok ngono gak mentolo .. dipikir saking
sedihe terus dilampiasno ngguyu

”hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu kekel opo’ o?” jare satpame Sing kate lungo iku sakjane aku ....
Sing numpak sepur kok malah sing ngeterno aku ...


Nyegat Bis

Romlah antri nyegat bis kota katene budhal kerjo. Pacakane sueksi pol, bengesan abang ambek nganggo rok mini. Pas katene numpak bis kota, mergo rok minine nguapret pol, sampek sikile Romlah gak isok mancik munggah bis. Romlah ngrogoh selerekan nang mburine rok cik rodhok longgar. Bareng wis didhukno selerekane, sik pancet nguapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis. Romlah nyobak pisan ngkas ngedhukno selerekane rok cik tambah longgar. Tibake sik pancet ngapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.

Romlah nyobak maneh sampek ping telu, tetep ae gak isok. Kondekture wis gak sabar bengok-bengok. Moro-moro onok tangane wong lanang ndhemok bokonge seko mburi, nyurung Romlah munggah bis. Romlah mendelik nguamuk nang wong lanang iku,”Semprul !!! Gak sopan blas peno Cak, wong gak kenal athik wani-wanine ndhemok bokongku !!”.

Wong lanange nyauri,”Yo sampeyan Ning sing gak sopan, wong gak kenal athik wani-wanine mlorot selerekan celonoku ping telu.”

Isek M

Akibat nontok pilem " "sore-2 mari nyambut gawe ndik omahe tonggo, mole-mole Cak Sul langsung spaning. Ndelok ning Saropah, bojone, sing lagi mari adus nggawe daster tipis sing rendone ngisor wis bedol, cak Sul tambah munggah tensine.
Bojone langsung ditegep soko mburi ambek mbisiki ngrayu : "...dik iku lo aku nggowo oleh-oleh, ketan klopo, icipono....
engko bengi tandak'an yoo.." Bojone dirayu koyok ngono, gak ngamper, malah njawab : ...ketane endi tak pangane..tapi ojok tandak'an sa'iki, aku lagi M.." .
Ngerti bojone lagi mens, cak Sulkan dadi kecewa, tapi mergo wis spaning tinggi, gak isok ditawar maneh spaninge kudu dicarikan solusi.
Jam sanga bengi, cak Sul pamit bojone nek kate metu nang omahe Badi maen catur. Cak Sul sak jane alasan ae kate nang omahe Badi, sak benere kate golek solusi kanggo ngedukno spaninge sing wis gak isok ditahan maneh.
Gak dawa-2 crita, cak Sul numpak becak mudun irba, ketemu bencong uaaaayu tapi ketok'e rada jual mahal.
Cak Sul nyapa : malem minggu kok dewek'an ae, endi tesenne..? Disapa ngono, benconge tambah jual mahal.." nggak usehh yee.." jare bencong.
cak Sul wis gak isok ngempet spaninge maneh, langsung bencong dicekel tangane, dijak nang pinggir kali... "Maas, jangan gito dhoong, aku mau-mau aja, tapi jangan sekarang aku lagi M, besok aja tak service deh" jare bencong aleman.
Dikandani bencong nek dewek'e lagi M, cak Sul ngomong ambek radak moring : "Jancok koen iku lanang kok alasan mens barang".
"Siapa bilang mens? aku lagi M..mencret ", ngomong ngono ambek nyingkap roke, mlayu nang pinggir kali terus ndodok.....


Beo Papua

Pas mari muleh sekolah....Bayan Semun entuk oleh2 manuk Beo teko konco lawas,
Sardju sing kerjo ndik Freeport.
Jare Sardju beo iku pinter niru lagu2 anyar sing ndik radio.
Pokoke ono lagu anyar mesti iso.
Carane ngongkon nyanyi cuma gawe isyarat tangan.
Tangan kiwo diangkat. Nek tangan tengen khusus nyanyi Indonesia Raya, soale gawe nunjukno nek beo mau dudu anggota OPM.
Bayan Semun njajal ngangkat tangan tengene ndik ngarepe beo, langsung beo ne muni:

Indonesia Tanah Airku, tanah tumpah darahku
Indonesia …. (lan sakteruse beo mandek pas tangane bayan Semun medun)

Njanjal maneh, bayan Semun ngangkat tangan kiwo, beo ne muni maneh:

Aku mau makan, ku ingat kamu …

Aku mau minum, ku ingat kamu …

Si Beo ternyata wis hafal lagune Maia ambek May Chan sing rame dikiro niru Dina Mariana iku.

Bayan Semun takon nyang Sardju, “Dju, nek tangan loro karo tak angkat beo-ne nyanyi opo yo?”

“Coba en ae, tapi tanggungen dhewe akibate”, jare Sardju ambek nyruput kopi tubruk.

Karo penasaran bayan Semun ngangat tangan kiwo ambek tengen bareng2.

Beo-ne muni : “Siji-siji, GOBLOK!”


Bedekane Arek Cilik

Pas mari muleh sekolah....
Paijo, Panjul, Maemunah, ambek Iprut.....
dolen dhisek ndik omahe Panjul, alasane belajar bersama...
asline mung rujakan thok...
arek 4 iku ancen koncoan ket mbiyen...
Pas enak2-e ngonceki buah...
Panjul nduwe bedek2an...
sing isok mbedek...arep ditraktir bakso-ne pak Min..
Panjul : Yaopo carane nglebokno gajah ndik kulkas...?
Pikire panjul..arek2 iki gak ngarah ngerti jawabane...
Dasare konco-e iki arek sing peringkat 3 besar kabeh..kecuali panjul...
ga kesulitan njawab...
Paijo : gampang njul...lawange kulkas dibuka...trus gajah-e dilebokno...
Panjul : Hmmm....trus..nek nglebokno Jerapah yaopo....?
arek telu njawab barengan...Gajah-e di tokno dhisek...trus jerapah-e dilebokno...
Panjul wes ketok nek kate kalah....
mikir maneh....hmmm....
Panjul : nah...lek iki kon-koen kabeh ga ngarah isok njawab....
"perkumpulan binatang sak dunia ngadakno rapat...kabeh binatang sak dunia podo hadir...tp onok siji sing gak isok teko...., hayoo sopo sing gak isok teko ?"
konco-e telu yo bingung....
"halah..ngunu ae ga isok njawab..." jare panjul.
"yaopo nyerah ta, nek ga isok njawab...koen kabeh kudu nraktir baksone pak Min" jare panjul maneh.
"aq nyerah njul..."jare paijo.
"aq iyo njul..."Maemunah nyerah pisan.
"Mbuh njul...."Iprut yo melu nyerah.

Jawabane "yo Jerapah rek..." jarene panjul ambek semangat.
"Lho koq isok.."Paijo, Maemunah, Iprut njawab serentak.

Jare Panjul "Lha sing nglebokno Jerapah ndik kulkas sopo"


Maling Nggragas

Mari udan hawane adhem. Cak Sur njaluk digawekno kopi cik isok melek. Ning Ya langsung nggawekno kopi kenthel ambek tela godhog. Mantep. Kopi ambek tela didokok nang meja makan. “Cik rodok adhem,” jare Cak Sur ambek leyeh-leyeh nang ngarep tivi. Tibakno Cak Sur ambek Ning Ya bablas keturon.
Ketok sepi, tekok ndhukur pyan krungu glodhag-glodhag. “Cepet, I, mumpung sing duwe omah turu,” bisike Pendik. Gayane persis maling nang film. Mlakune themek-themek koyok Tom & Jery. Mari nglebokno HP, jam tangan, mas-masan, ambek dhompet, arek loro nontok onok kopi. Pendik nyruput setengah gelas.

“Enak, adhem-adhem dicepaki kopi,” jare Pendik.
“Iyo uenak telane,” jare Pi'i mangan tela godhog. Kabeh dientekno.
Mari ngono arek loro munggah maneh nang pyan. Gurung sampek metu tekok gentheng, Cak Sur nglilir, kate ngombe kopi. “Lho, kok karek separo? Koen ombe ta?” jare Cak Sur. Mesthi ae Ning Ya gedheg wong pancen gak doyan kopi. “Telane yo amblas?”

Cak Sur gumun. Mosok nang njero omah onok wewe gombel doyan tela? Mosok kuntilanak sing doyan melek bengi kudu ngopi? Mesthi onok sing gak beres. Bareng weruh HP, jam tangan, mas-masan, ambek tutup gelas gak onok, wah… mesthi maling.

Nang ndhukur pyan, Pendik pringas-pringis. Mari ngombe kopi rasane kate pipis gak isok diempet. Tapi mosok pipis nang pyan. Mari ngono tes, tes, tes…. Lho udane wis mari kok lagek bocor? Pi'i sing kakehen mangan tela yo mulat-mulet. Wetenge krasa mules kate ngentut. Pi'i gak isok ngempet, dhuuuut….

Cak Sur kuaget. Mosok suarane tekek malih nge-bas ngono. Opo nang ndhukur tekek kramas sampek netes kabeh. Bareng bolak-balik dhat-dhut-dhat-dhut, Cak Sur mbengok. “Sopo nang dhukur? Tekek ta?”
“Iyo, Cak!” Dhuuut… krucuk-krucuk… dhuuut…. Gak kesuwen Cak Sur mbengoki tangga-tanggane. “Onok tekek ngentut. Tuluuung!”


Kencan Ndek Galaxy Mall

Jenenge arek sir-siran, mesthi ae Ning Ya kepingin dijak mlaku-mlaku. Mosok apel nang teras thok. “Mbok nonton film ta nang Galaxy,” Ning Ya ngrayu Cak Sur.
“Lha iya, mosok apel njagakno teh sak gelas,” jare Pendik, bapake Ning Ya.
Disemoni ngono, malem minggu Cak Sur langsung ngajak metu. Arek iku nggawa ransel. Matane langsung padhang masi mik nontok wong liwat. Tapi yo mosok nontok thok gak mangan klethikan. “Ayo Cak tuku jus ambek mangan steak,” Ning Ya nyeret Cak Sur.

“Hus, jus sing didol gurung karuan resik. Mangan steak yo nggarai tekanan darah tinggi. Mangan sing sehat ae,” jare Cak Sur ambek ngrogoh ransel. Termos isi teh anget disuntak nang gelas plastik. “Ngombe teh anget ae. Iki wis tak godhog ambek jahe cik anget,” jare Cak Sur.

Arek loro lungguh nang undhak-undhakane Galaxy. Srupat-sruput ngombe teh. Cak Sur ngrogoh ransel maneh. Saiki ngetokno tepak. “Iki klethikane. Timbangane tuku keripik kentang, mangan krupuk uyel ae. Wong padha-padha muni kriuk,” jare Cak Sur.

Ning Ya ngempet isin. Mosok dandan setil, nongkrong nang Galaxy, tapi mangan krupuk uyel. Arek-arek sing liwat nontoki Cak Sur ambek Ning Ya. Gumun weruh arek tamasya bengi-bengi. Opo maneh bareng Cak Sur ngetokno bungkusan isi lontong, tahu, terus disuntaki bumbu kacang ambek petis.

onok arek lanang nggantheng nontok sampek gak ngalih-ngalih. Cak Sur dhasare pancen apikan. Arek sing nontok terus iku ditawani, “Arep ta rek? Iki ngono jenenge tahu thek. Aku mau tuku nang gang ngarep omahku. Uenak.”

Ning Ya gak kuat maneh. Cak Sur diseret mulih. “Wis, mari ngene lek apel nang teras ae,” jare Ning Ya.


Sayembara

Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno sayembara. ”Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Montor.” jare Sablah. Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur nang tambak. Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo, nyambik, bajul lan sak panunggalane. Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang anyar. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.

Akhire ambek Sabalah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah sak isine. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak. Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang. Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh. Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.

”Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta”jare Sablah, tapiMuntiyadi tetep nolak.
”Tak tambahi mas-masan sak kilo” jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep gak gelem.
”Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti” jare Sablah gak gelem kalah.
”Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene”jareMuntiyadi.


Numpak Angkot

Cak Sur males nggawa mobil nang kantor. Macet nggarai endhas ngelu. Enak numpak angkot. Masi rodok uyel-uyelan tapi lumayan. Lek isuk penumpange wangi kabeh.
Cak Sur duwe cara cik isok gratis. Omahe nang Klethek, Sidoarjo. Ongkos angkot sampek halte Polda Rp 2.000. Wis seminggu Cak Sur budhal mruput. Jam 05.30 wis numpak angkot biru. Bareng ditagih kernet, Cak Sur ngulungno dhuwik Rp 100.000.
“Wah, gak onok susuke, Cak. Dhuwik cilik ae,” jare Pendik, kernete.
“Ijolno dhisik,” jare Cak Sur.

“Isuk-isuk ijol dhuwik gedhe nang endi? Wis, sampeyan gawa ae,” jare Pendik mbalekno dhuwik bareng penumpange gak onok sing nduwe satu ewu kepyar. Pendik mbesengut tapi Cak Sur ngguyu diempet. Slamet, isok numpak gratis. Iki wis ping lima.

Mene isuk Cak Sur koyok biasane mbaleni maneh. Saiki milih angkot werna abang cik gak konangan. Bareng numpak, kernete Pi'i. Cak Sur durung tau numpak angkot iki. Koyok biasane ngulungno Rp 100.000. Temen rek, gak onok susuke. Gratis maneh.
Mene isuk maneh. Cak Sur numpak angkot ijo. Kernete gak pati ketok wong nggawe topi. Bareng nampani dhuwik Rp 100.000, kernete nggremeng.

“Dhuwikku yo mik iku, Cak. Sampeyan ijolno,” jare Cak Sur koyok biasane.
Kernete ngomel terus. Bareng tekok halte Polda, kernet iku ngrogoh tas kresek nang ngisor dhingklike. “Cak, dhuwik sampeyan Rp 100.000. Ongkose Rp 2.000. Iki susuke, wis tak itung. Kabehe Rp 98.000. Lek salah itung, sampeyan SMS aku. Nomerku wis onok nang kresek iki,” jare kernete.

Cak Sur bingung. Tas kresek iku isine dhuwik kricik Rp 100-an. Tolah-toleh Cak Sur mbopong dhuwik kricik iku. Persis koyok bos wong ngemis sing mari entuk setoran.
Pendik, kernet sing menehno dhuwik cekakakan. “Rasakno, cik kapok. Opo gak isin mbayar nggawe kricikan.”