Numpak Angkot

Cak Sur males nggawa mobil nang kantor. Macet nggarai endhas ngelu. Enak numpak angkot. Masi rodok uyel-uyelan tapi lumayan. Lek isuk penumpange wangi kabeh.
Cak Sur duwe cara cik isok gratis. Omahe nang Klethek, Sidoarjo. Ongkos angkot sampek halte Polda Rp 2.000. Wis seminggu Cak Sur budhal mruput. Jam 05.30 wis numpak angkot biru. Bareng ditagih kernet, Cak Sur ngulungno dhuwik Rp 100.000.
“Wah, gak onok susuke, Cak. Dhuwik cilik ae,” jare Pendik, kernete.
“Ijolno dhisik,” jare Cak Sur.

“Isuk-isuk ijol dhuwik gedhe nang endi? Wis, sampeyan gawa ae,” jare Pendik mbalekno dhuwik bareng penumpange gak onok sing nduwe satu ewu kepyar. Pendik mbesengut tapi Cak Sur ngguyu diempet. Slamet, isok numpak gratis. Iki wis ping lima.

Mene isuk Cak Sur koyok biasane mbaleni maneh. Saiki milih angkot werna abang cik gak konangan. Bareng numpak, kernete Pi'i. Cak Sur durung tau numpak angkot iki. Koyok biasane ngulungno Rp 100.000. Temen rek, gak onok susuke. Gratis maneh.
Mene isuk maneh. Cak Sur numpak angkot ijo. Kernete gak pati ketok wong nggawe topi. Bareng nampani dhuwik Rp 100.000, kernete nggremeng.

“Dhuwikku yo mik iku, Cak. Sampeyan ijolno,” jare Cak Sur koyok biasane.
Kernete ngomel terus. Bareng tekok halte Polda, kernet iku ngrogoh tas kresek nang ngisor dhingklike. “Cak, dhuwik sampeyan Rp 100.000. Ongkose Rp 2.000. Iki susuke, wis tak itung. Kabehe Rp 98.000. Lek salah itung, sampeyan SMS aku. Nomerku wis onok nang kresek iki,” jare kernete.

Cak Sur bingung. Tas kresek iku isine dhuwik kricik Rp 100-an. Tolah-toleh Cak Sur mbopong dhuwik kricik iku. Persis koyok bos wong ngemis sing mari entuk setoran.
Pendik, kernet sing menehno dhuwik cekakakan. “Rasakno, cik kapok. Opo gak isin mbayar nggawe kricikan.”

0 comments:

Posting Komentar