Kencan Ndek Galaxy Mall

Jenenge arek sir-siran, mesthi ae Ning Ya kepingin dijak mlaku-mlaku. Mosok apel nang teras thok. “Mbok nonton film ta nang Galaxy,” Ning Ya ngrayu Cak Sur.
“Lha iya, mosok apel njagakno teh sak gelas,” jare Pendik, bapake Ning Ya.
Disemoni ngono, malem minggu Cak Sur langsung ngajak metu. Arek iku nggawa ransel. Matane langsung padhang masi mik nontok wong liwat. Tapi yo mosok nontok thok gak mangan klethikan. “Ayo Cak tuku jus ambek mangan steak,” Ning Ya nyeret Cak Sur.

“Hus, jus sing didol gurung karuan resik. Mangan steak yo nggarai tekanan darah tinggi. Mangan sing sehat ae,” jare Cak Sur ambek ngrogoh ransel. Termos isi teh anget disuntak nang gelas plastik. “Ngombe teh anget ae. Iki wis tak godhog ambek jahe cik anget,” jare Cak Sur.

Arek loro lungguh nang undhak-undhakane Galaxy. Srupat-sruput ngombe teh. Cak Sur ngrogoh ransel maneh. Saiki ngetokno tepak. “Iki klethikane. Timbangane tuku keripik kentang, mangan krupuk uyel ae. Wong padha-padha muni kriuk,” jare Cak Sur.

Ning Ya ngempet isin. Mosok dandan setil, nongkrong nang Galaxy, tapi mangan krupuk uyel. Arek-arek sing liwat nontoki Cak Sur ambek Ning Ya. Gumun weruh arek tamasya bengi-bengi. Opo maneh bareng Cak Sur ngetokno bungkusan isi lontong, tahu, terus disuntaki bumbu kacang ambek petis.

onok arek lanang nggantheng nontok sampek gak ngalih-ngalih. Cak Sur dhasare pancen apikan. Arek sing nontok terus iku ditawani, “Arep ta rek? Iki ngono jenenge tahu thek. Aku mau tuku nang gang ngarep omahku. Uenak.”

Ning Ya gak kuat maneh. Cak Sur diseret mulih. “Wis, mari ngene lek apel nang teras ae,” jare Ning Ya.


0 comments:

Posting Komentar