Wanita Besi

Sutaji gupuh kabeh marani kantor pulisi katene lapuran.
"Waduh Pak Pulisi, aku sik tas ae dinunuti Margaret Tatcher " jare Sutaji.

"Sampeyan ojok macem-macem lek lapuran . " jare pulisine gak percoyo.

"Saestu Pak, asli aku gak mbujuk ". jare Sutaji.

"Lek ngono lapuran sing lengkap alon-alon. Sampeyan pethuk Margaret iku nang ndhi ?" takok pulisine.

"Ngene lho ceritone Pak. Pas aku ngirim barang arep mlebu tol Waru, moro-moro onok bule tuwek awe-awe njaluk nunut. Bareng wis munggah, aku kuaget tibake wong bule iku Margaret Tatcher. " jare Sutaji.

"Lho kok sampeyan yakin lek iku asli Margaret Tatcher ?" takok Polisine.

"Aku yakine iku pas ngisi solar, dhe'e iku titip njaluk tukokno Mesran Super, jarene ngelak. Lha sisane iku ditetesno mripate, jarene mripate perih" jare Sutaji.

"Opoko ceritone kok dhe'e sampek isok nunut awakmu ?" takok pulisine maneh.

"Ceritone iku, dhe'e lagi melancong nang Suroboyo, lha pas sampek Demak dhadhak moro-moro dhe'e diuber-uber wong akeh, onok tukang rombeng, onok juragan besitua. Kabeh iku nggowok timbangan dhewe-dhewe kepingin ngiloni dhe'e. Mergo wedhi, akhire dhe'e mlayu mbalik nang hotel. Pas arep tekan hotel, dhadhak dhe'e pethuk ambek wong Timbang Badan. Begitu ndhelok
timbangan, Margaret tambah pucet kewedhen, terus mlayu maneh sampek akhire pethukan ambek aku njaluk nunut. Pas tak takoni arep nang endhi, jarene sembarang pokoke sing aman. Akhire yo tak jak ngirim barang. Lha saiki iku aku arep lapuran ndhik sampeyan lek Margaret iku ngilang maneh. Aku wedhi lek disalahno." jare Sutaji.

"Lho kapan dhe'e ngilang maneh ? " takok pulisine.

"Pas praotoku tak enggokno jembatan timbang "

0 comments:

Posting Komentar